NotesWhat is notes.io?

Notes brand slogan

Notes - notes.io

DEWA RUCI

Madeg karaton Astinapura, Prabu Destrarastra kaadhep dening putra mbarebe, Duryudana, Patih Sengkuni lan Pandhita Kreppo. Surasane rerembugan ana gandheng senenge karo peprentahan Astina.

Duryudana : “Duh, bapakku Prabu Destrarastra kapan aku bakal kaangkat dadi ratu ing Astina.”
Prabu Destrarastra : “Sabaro ngger, iki urung wektune kanggo awakmu madep dadi ratu ing kraton iki.”

Anane Duryudana iso ngomong ngono kui mergo ole h asutan soko Sengkuni, lan yo sumpahe ibune dewe yaiku Gendari.

Sengkuni : “Duryudana.. Opo koe ora kuciwa karo pandu kae seng ameh ndadeke putrane yaiku Puntadewa dadi ratu ing kraton iki?”
Duryudana : “Aku ora sudi Puntodewa bakal dadi ratu ing Ngastino.”
Sengkuni : “La yo ngono kuwi tumindakmu wes bener, emang pancen seng duweni hak ngratu yaiku putrane ratu sing nomer siji.”
Duryudana : “Emang Pandu iku ora adil, ameh sak karebe dhewe ngratue Puntadewa ning Ngastino iki.”
Sengkuni : “Mulo kuwi saiki walesno dendam ibumu seng urung iso kawales mareng pandhu. Renyukno Pandhawa saka Ngastino kene.”

Sawetara Sengkuni mbudidaya mbujuk Prabu Destrarastra, supaya hak tumrap keprabon lan kraton Astina tetep dadi duweke Kurawa.

Prabu Destrarastra : “La piye to Patih Sengkuni? Amergo aku wuta hak prabu iku ora iso dadi duweke anakku Kurawa.”
Sengkuni : “Ya carane iku ngelongi kuwatane Pandhawa sing dumunung marang Bima, mulo Bimo kudu disingkirne.”

Dene ing kepitren Astina Dewi Gendari mahargya tekane Prabu Destrarastra lan nakoke babagan rantaman wisudane Duryudana dadi Ratu Anom ing Astina.

Dewi Gendari : “Kang mas, kepriye wisudane putraku Duryudana kang dadi ratu anom ing Astina?”
Prabu Destrarastra : “Dinda, aku lagi digolekake wektu lan wayah supaya ora nuwuhne congkrah Pandhawa.”
Dewi Gendari : “Opo mas? Pandhawa iku kudu age age disingkirake supaya ora keprabon ing Astina lan supaya tetep dadi duweke Duryudana.”
Prabu Destrarastra : “Lamun penemumu kuwi wis kamot ono rancangane Sengkuni, kang bakal ngelongikekuatan Pandhawa.”

Sabanjure, Duryudana lan Sengkuni nganaake pasatemon karo Kurawa liyane.

Sengkuni : “Duryudana, aku nyaranke supaya kowe jaluko tulung marang Pandhita Durno kanggo nyingkirne Bima.”
Duryudana : “Kepriye carane ngomong marang Pandhita Durno?”
Sengkuni : “Manuto marang Durno lan ora ngelok ngeloke langsung para Kurawa lan seng ugo mrentah kurawa liyo kanggo jogo jogo menowo Durno gagal ngojok ngojoki Bima.”
Duryudana : “Mulo aku karo Kurawa liyo kudu tumindak cekat ceket kroyok lan pateni Bima ing Jokalima.”

Banjur Duryudana budhal lan disusul kurowo liyo sawise tekan pertapan sokalima. Duryudana lan seng taka.

Duryudana : “Duh Pandu Durno ingsun maene iki ameh jaluk pambiyantumu supaya nyingkirne Bima.”
Pandu Durno : “Loh? Ngger Duyudana…. Keno ngopo awakmu dweni panjalukan kang koyo mangkono?”
Duryudana : “Iki kanggo waluyaning keprobon Astina marang para Kurawa.”
Pandu Durno : “Aku wegah nglakoni koyo mangkono iku.”

Saking pintere Sengkuni lan Duryudana anggone ngesuk Pandu Durno nganggo lelabuhan lan lomane Prabu Destrarastra Kasarung soko utang budi, mulo kuwi Resi Durno tundhone suguh mujudi panjaluke Duryudana. Resi Durno banjur njeluk Bima.
Resi Durno : “Anggonku nyeluk kowe iki kanggo kapentingan Pandhawa.”
Bimo : “O… Njeh resi, kulo ajeng kautus napa?”
Resi Durno : “Kanggo ngluhurake Pandhawa, kowe dak utus goleko banyu panguripan Tirtapawitra menyang Gunung Candra dimuka.”
Bimo : “Ono ngendi kiro-kiro banyu panguripan seng diomongke Resi Durno, dak embrog ke ae wit wit gedhe lan nyenggol watu watu gedhe iki.”

Banjur kuwi njedul buto 2 “Rukmuka lan Rukmukala”

Rukmuka : “Ojo mbok rusak tatanan ing Gunung Candra dimuka iki.”
Bimo : “Aku ngrusak Gunung iki merga ameh golek banyu kauripan / Tirtapawitra kang ono ing gunung iki.”
Rukmakala : “Banyu iku ora ono ing gunung iki.”

Mergo gesehe penemu banjur wong 3 iku bandayuda ampuhe kuku pancanaka Bimo kasil mateni buto mau. Sawise mati jasade badhar dadi Bathara Indra lan Bayu.
Bathara Indra : “Bima, lamun banyu iku ora ana ing gunung iki.”
Bimo : “Tapi aku kautus marang Resi Durno supaya golek banyu iku ing gunung iki.”
Bathara Bayu : “Cobo kowe balio ngadep Resi Durno njaluk katrangan kang cetho Tirtapawirtra.”
Bimo : “Iyo… aku bakal bali menyang sakalima.”

Gumelar ing ereng erenge Gunung Candradimuka. Arjuna lan Yamawidura ketemu karo Kurawa. Banjur iku langsung di kroyok marang Kurawa. Teko Bimo nulungi Arjuna lan Yamawidura.
Bimo : “Tirtapawitro iku ora ono ing Gunung Candradimuka.”
Arjuna : “Iki paling akal-akale Sengkuni karo Kurawa.”
Yamawidura : “Yo wes ayo saiki bali menyang Sakalima jaluk kapasthen Resi Durno. Ana endi mapan Tirtapawitra iku.”
Arjuna : “Tapi aku lan Yamawidura arep bali menyang Astino arep nemoni Dewi Kunthi lan Pandhawa liyane.”

Bimo tekan ing Sakalima.
Bimo : “Jane, Tirtapawitra iku ora ana ing gunung kuwi, malah aku ketemu karo buta 2 panjalmane Bathara Indra lan Bayu lan ngendika yen ing gunung iku ora ana Tirtopawitra.
Pandu Durno : “Aku ngandhaake ngono kuwi gur kanggo nguji kasabaranmu, Bima. Tirtapawitra iku ana ing ndhasare samodra.”
Bimo : “Oo.. ngeh resi sendhika dhawuh kulo nyuwun pamit arep tumuju menyang segara kidul.”

Gelare keputren Astino Dewi Kunthi lan Puntadewa mampir tekane Arjuna lan Yamawidura.
Yamawidura : “Aku lan Arjuna mau ketemu karo Bimo ing Gunung Candradimuka.”
Arjuna : “Dheweke urung bias nemoke Tirtapawitra iku.”
Dewi Kunthi : “La banjur ana endi saiki Bimo?”
Arjuna : “Bimo bali menyang Resi Durno ing Sakalima.”
Yamawidura : “Tujuane ngkoke kepasten Tirtapawitra”

Ora let suwe Bimo teko.
Bimo : “Ibu lan dulurku kabeh, kula nyuwun doa pangestu olehe kula ajeng madosi Tirtapawitra
Dewi Kunthi : “Putraku Bimo, kowe ameh menyang endi meneh le?”
Bimo : “Ana ing dhasare samodra cundhuk karo ndawuhe resi.”
Dewi Kunthi : “Wes ora usah putraku iku lamun abot kanggo awakmu lan Tirtopawitra iku ora ana.”
Arjuna : “Kabeh mau rekadayane Resi Durno kang.”
Yamawidura : “Yo kang, arep nyilakoni kowe.”
Bimo : “Aku tetep mantep karo kapercayaanku, Resi Durno ora bakal nyilakani muride dhewe.”

Tundhane Bimo budal nggoleki Tirtapawitra ing dhasaring samudra.
Dewi Kunthi : “Yamawidura lan Arjuna mreneo, tulung kowe kabeh dak utus ngawat-awat lakune Bima.”
Yamawidura : “Njeh bu, sendhika dawuh.”
Arjuna : “Njeh bu, sendhika dawuh.”

Ing dasare samodra ana ula ngadang lakune Bima. Bima mateni ula kuwi, nanging dheweke uga semaput kena gitikano buntut ula.
Katon Dewa Ruci lagi pasatemon karo Bima.
Dewa Ruci : “Kena ngapa kok kowe njegor samudra nganti ing dasare ngene iki? Apa sing to karepne?”
Bimo : “Aku lagi nindhakake dhawuhe Resi Durno.”
Dewa Ruci : “Ndhawuh opo sing diwenehne marang kowe?”
Bimo : “Supaya aku nggoleki banyu panguripan Tirtapawitra.”
Dewa Ruci : “Banyu iku ora ana ing Gunung Candradimuka lan ora ana ing shasare Samudra.”
Bimo : “La banjur ana ngendi manggone banyu kuwi?”
Dewi Ruci : “Anane banyu iku ana ing dhiri pribanmu dhewe bima.”
Bimo : “Kang awujud apa?”
Dewa Ruci : “Kang awujud niat kanggo tumindak jujur lan berbudi luhur sarta ngenggonake rasa kurmat marang sapadhane.”

Saka Dewa Ruci, Bima entuk wejangan babagan ilmu kasampungan. Ana kedadeyan ing gisiking samodra. Arjuna lan Yamawidura geseh panemu marang Kurawa.
Sengkuni : “Ayo para Kurawa gawe pager betis ana ing pinggire samodra kene. Kanggo ngroyok Arjuna lan Yamawidura.”

Bima jumedhul saka njeroning samudra banjur cekat-ceket mbiyantu. Kurawa ora bisa nandhingi Bimo banjur kabeh mlagusalang terjang. Banjur Bima,Arjuna lan Yamawidura bali ing Astino.
Dewi Kunthi : “Kepiye kabarmu, duh putra-putraku.”
Bimo : “Aku ketemu Dewa Ruci ing dhasare samudra lan entuk wejangan babagan sarining panguripan.”
Dewi Kunthi : “Ibu syukur banget koe bias kasil lulus saka cobaaan kanga bot putraku Bima.”
Bima : “Enggeh bu.”
Dewi Kunthi : “Mulo ayo saiki putra-putraku supaya ngaturke marang gusti kang Maha Tunggal, supaya tansah kawilujengan, rahmat lan hidayah he.”


TAMAT.






     
 
what is notes.io
 

Notes.io is a web-based application for taking notes. You can take your notes and share with others people. If you like taking long notes, notes.io is designed for you. To date, over 8,000,000,000 notes created and continuing...

With notes.io;

  • * You can take a note from anywhere and any device with internet connection.
  • * You can share the notes in social platforms (YouTube, Facebook, Twitter, instagram etc.).
  • * You can quickly share your contents without website, blog and e-mail.
  • * You don't need to create any Account to share a note. As you wish you can use quick, easy and best shortened notes with sms, websites, e-mail, or messaging services (WhatsApp, iMessage, Telegram, Signal).
  • * Notes.io has fabulous infrastructure design for a short link and allows you to share the note as an easy and understandable link.

Fast: Notes.io is built for speed and performance. You can take a notes quickly and browse your archive.

Easy: Notes.io doesn’t require installation. Just write and share note!

Short: Notes.io’s url just 8 character. You’ll get shorten link of your note when you want to share. (Ex: notes.io/q )

Free: Notes.io works for 12 years and has been free since the day it was started.


You immediately create your first note and start sharing with the ones you wish. If you want to contact us, you can use the following communication channels;


Email: [email protected]

Twitter: http://twitter.com/notesio

Instagram: http://instagram.com/notes.io

Facebook: http://facebook.com/notesio



Regards;
Notes.io Team

     
 
Shortened Note Link
 
 
Looding Image
 
     
 
Long File
 
 

For written notes was greater than 18KB Unable to shorten.

To be smaller than 18KB, please organize your notes, or sign in.